Selasa, 05 November 2019

Dialog Drama Bahasa Jawa | Gara-gara Sering Nyontek

                Gara-gara Kerep Nyonto

Ing sawijining dina, onok bocah jenenge Siti sing ape melok ulangan semester sk diluk meneh, nanging Siti iki ora tambah sinau tapi malah dolanan layangan karo kancane jenenge Ferdi.

Bagian 1

Siti       : "Fer cah kene pinter yo.. ape ulangan ogk tambah sinau tapi malah layangan".

Ferdi  : "Lho yo iyo wong kene kan wes pinter, dadi gk usah sinau yo kan!"

Siti      : "Ehehe iyo... pinter nyonto".

Ferdi   : "Sit ne pelajarane kene b.jawa onk bab pantun kok yo?. Jal Sit omongo pantun ben aku ileng sitik-sitik".

Siti      : "yaelah.. Fer ojo takoni aku pantun. Ke ngerti wong nk lahir kan mesti owek-owek, lha nk aku ogk, aku lahir langsung pantunan".

Ferdi   : "Wuih... ogk nggawe owek-owek? Lha.. kok iso?".

Siti      : "lha.. wong nk lahir kan ditarik sikile, lha aku iku ora sikile, lambene!".

Ferdi   : "Wk wk! Sepurane Sit, Siti kan nk lahir ogk di Dokter".

Siti      : "di opo?".

Ferdi   : "Di download".

Siti      : "Ha.. anggitem aku aplikasi di download".

Ferdi   : "Berarti sok mben nak Siti tinggal Siti ogk mbalek ne lemah".

Siti      : "Lha mbalek tok ndi?".

Ferdi   : "Mbalek tok lap top".

Siti      : "yowis Fer sk ik rungokno pantunku. Si Sholeh mlakune alon. Kembang sekuntum ne omah ngguri. Nk oleh ancen kelakon. Kenalan sek iki aku Ariel Tatum seng mirip Siti".

Nggrungokno Siti maca pantun ekspresi raine Ferdi sedeh k2 ngenyek sk itik.
Siti      : "kenek opo?! gk seneng!".

Ferdi   : "Ngene lo Sit, anane seng bener kuwi ogk Ariel Tatum seng mirip Siti, tapi Siti seng mirip Ariel Tatum".

Siti      : "Ngono? Yo wis ngalah...".

Ferdi    : "Maksudku yo gk ngono sabenere".

Siti       : "Teros".

Ferdi    : "Yowis lah anggep wae aku seng gk pinter".

Siti       : "Yowis sih Fer beno, nggawe atiku bahagia pisan-pisan. Aku iki lagi bete iki lho..".

                 "Siti bete karo kowe, Siti bete karo kowe, Siti bete, bete, bete" (Nyanyi)

Ferdi    : "Lha Siti kenek opo kok bete?".

Siti       : "Iki lho layanganku sowek (karo ndudohno layanganne)

Ferdi     : "Bagus".

Ogak suwi Siti k2 Ferdi omongan teko bocah sing pinter sk kelase Siti jenenge Kelly. Banjur Kelly di cegat k2 Siti ambek Ferdi.
Ferdi     : "Hei Kelly, hei Kelly dekne bis gede ramah. Akhahaha Kelly... sek rene sek ajurung mulih tk kandani".

Banjur Ferdi k2 Siti nyusun rencana gawe seaok bek dicontoni Kelly. Yaiku ngapiki Kelly.
Ferdi     : "Sit sesok kan ulangan yo.., lha iku onk Kelly, piye nk kene ngapiki Kelly ben sesok oleh contonan?".

Siti        : "Eh iyo setuju!. Sk iki tk jajale".
Siti mareki Kelly k2 ngapiki Kelly.

Siti        : "Hai Kutu buku... ".

Kelly      : "Oh hai kutu beras... ". Banjur Ferdi ngguyu Siti diarani kutu beras.

Siti        : "Kelly bar teko endi?".

Kelly      : "Bar teko les".

Siti        : "Ealah.. pinter yo Kelly, berarti sesok wes siap ulangan toh yo?".

Kelly      : "yo siap toh.., tpi sk durunge kuwi Kelly duwe pantun".

Siti         : "Akhha.. mosok, eh Fer Kelly duwe pantun rungokno kene".

Kelly      : "Onok ketek ilang soko kebunbin. Eh ladalah ilange mbuh tok endi. Tapi alhamdulillah sk iki wes temok. Tok ndi wae (karo nabok tangane Siti)

Ferdi ngguyu maneh roh Siti diarani Ketek Kelly.
Siti       : "wk wk. Mosok ayu-ayu ngene diarani koyok Ketek. Yowis Kelly mgene, sesok Siti nyonto yo.., engkok tk keki hadiah. Hadiahe guwwedi".

Kelly    : "Eladalah, opo hadiahe?".

Siti       : "Hadiahe poster potone Siti seng guwwedi".

Ferdi    : "Hahaha..., Sit Sit, laler wae gumoh ngawasi potomu, opo meneh Kelly".

Siti       : "Ndo ojo ngono takok sek jal k2 bocahe gelem gk. Piye Kel gelem gk?".

Kelly    : "Gelem".

Siti       : "Lho toh... Sopo seng iso nolak potone Chelsea Island..".

Kelly     : "Engkok yo, tk pasang nang omah".

Ferdi & Siti   : "Nang omahmu?".

Kelly    : "Omah duka".

Kelly    : "Yo wis Fer, Sit aku mulih sek yo".
Banjur pas Kelly mulih, teko abang seng dodol layangan.

BangLay : "Kulo nuwun..".

Siti & Ferdi : "Monggo.. ".

Siti      : "Eh abang layangan. Layangane onk macem op wae bang?"

BangLay : "Maceme onk loro, yaiku voucer k2 elektrik".

Ferdi   : "Akhahaha.., bang iku layangan opo pulsa listik onk seng voucer barang".

BangLay  : "haha pulsa iki, guyon aku..".

Siti      : "Yowis bang aku takok onk gk layangan seng iso ne ndhuwur terus gk iso mudun".

BangLay : "onok".

Siti      : "Layangan opo bang kuwi jenenge".

BangLay : "nda kuwi layangane temangsang, gk iso mudun toh". (k2 ndudohno layangan sing temangsang)

Ferdi     : "hhaha pinter.... Lha bang layangan seng iso munggah onk gk bang?".

BangLay : "onk iki".

Ferdi     : "Nk gk iso munggah?".

BangLay : "kon sinau ben munggah.

Siti        : "hahaha...".

BangLay : "Yowis sido tuku po gk iki?".

Siti        : "Gk sido bang".

BangLay : "ye..  Buah gedondong. Buah Salak. Takok doang, tuku ogk".

Ra suwi metu bapake Siti seng ketok muring-muring k2 Siti".
Babeh   : "Siti..,Siti"

Siti         : "Eh babeh...hehe. onok opo beh?".

Babeh    : "onok opo, onok opo. Wakmu iku lho wong sesok pe ulangan kok malah dolanan nang kene. Mulih sak iki!".

Siti         : "Nggeh beh Siti mulih".

Siti, Ferdi k2 Abang Layangan akhire mulih nang omahe dewe-dewe.

Bagian 2
Sisuke dina ulangan akhire teka, Siti k2 Ferdi tenang-tenang wae semarai engkk onk seng nyontoni. Deweke ogk sinau kawet dek wingi. Siti k2 Ferdi langsung mlebu nang jero kelas.
Siti     : "Haiii lurd... Cya elah.... zaman sk iki iseh Sinau?.  Ck gk zaman bro.. ".

Ferdi  : "Zaman sk ik yo nyonto onoke gk sinau. Ya toh.. ".

Siti     : "Toh..."

Banjur Ibu Guru teko K2 Kelly. Sk kelas langsung njongok banjur ngucapno salam. Sakwise salam Ibu Guru ngwenehi poo pengumuman penting.

Ibu Guru : "Murid-murid bu guru nduwe pengumuman apik. Iki tentang Kelly. Yaiku Kelly iki mulai sk iki klebu ne kelas akselerasi k2 melu ulangan bareng kelas 6. Dadi tepuk tangan gawe Kelly".

Siti k2 Ferdi seng ngerti berita iki langsung gelisah. Wedi nk gk iso nggarap soal ulangan dino sk iki.
Siti       : "Lho.. Fer.. trus kene piye nggarape? Kelly pindah nang kelas akselerasi. Aku wedi nk gk iso. Aku gek bengi ogk sinau. Piye awakmu gek bengi sinau po gk?"

Ferdi    : "Iyo piye iki.. Aku yo bingung, aku gek bengi yo gk sinau".

Siti k2 Ferdi sk iki bingung semarai Kelly pindah nang kelas 6. Tpi iso gk dekne nyonto k2 garap tanpa Kelly?
Ibu Guru : "Murid-murid sk iki bu guru ape bagikno soal ulangan, sk durunge tk bagi isi dhisik identitas diri ben gk lali".

Soale wes dibagikno sk iki wayahe ngarap bocah-bocah. Banjur Ferdi k2 Siti golek jawaban koncone lan takok koncone. Siti ogk seneng ulangan dino iki, semarai sak iki ulangan sejarah. Siti ogk seneng pelajaran seng bahas masa lalu.
Siti     : "Fer soal nomer siji jawabane opo?".
Ferdi  : "soale piye?"
Siti     : "sopo penemu telephone?".
Ferdi  : "Al...
Siti     : "Aliando?".
Ferdi  : "ogak. Al..".
Siti      : "Ali king".
Ferdi   : "Ogak. Al...".
Siti      : "Alhambra?".
Ferdi   : "Ogak. Al... ".
Siti      : "ah suwi ke. Al sopo benere?"
Ferdi   : "O.. Iyo.., Alexander".
Siti      : "Alexander sopo?".
Ferdi   : "Alexander....titik-titik lali aku".
Siti     : "oh.. Alexander lali aku.. ".
Ferdi  : "eh tapi...".
Siti     : "Hust engkok gurune tangi. Nomer 2 jawabane opo Fer?. Istrine Teuku Umar sopo?".

Ferdi   : "sopo yo....emm gk roh".

Siti      : "Yowis nk ngunu gwe logika wae. Fer bapakku iku jenenge Junaedi, lha terus ibukku di celuk nyonya Jumaedi. Berarti istti Teuku Umar?. Yo nyonya Teuku Umar".

Ferdi   : "Mosok iyo?, yowis aku anut wae".

Siti      : "Nomer telu Fer. Sopo penemu benua Amerika?"

Ferdi   : "Tambah ra reti aku Sit. Jal tekok.o Mimin. Min penemu benua Amerika sopo Min?".

Mimin : "Penemu benua Amerika iku Cristoper Colombus".

Siti      : "Opo Min aku gk krungu kurang banter".

Siti seng gak krungu akhire moro nang bangkune Mimin, sampek gk reti nk onk gurune nang mburine ngawasi.
Siti     : "Sopo Min?".

Mimin : "Christoper Colombus".

Langsung ibu guru njawil pundak.e Siti, nanging Siti ogak kroso yen seng jawil deweke iku ibu guru.
Siti      : "Sek toh aku tk nyonto sek iki lhe... ".

Ibu Guru : "Siti... ".

Krungu swarane Ibu Guru Siti langsung madep mengarep k2 guya-guyu.
Siti     : "eh Ibu Guru".

Ibu Guru : "lahpo?".

Siti     : "Takon Jawaban hehe".

Sakwise kerohan Guru, kelas dadi rame. Kepala Sekolah seng reti lak onk kelas sing rame banjur melbu neng kelas seng rame kuwi semarai Kepala Sekolah wes ngawasi kelase Siti kaet mau.
KepSek : "Onok opo iki kok rame tenan?".

Ibu Guru : "Niki lho pak Siti nyonto kancane".

KepSek : "iyo Sit?".

Siti      : "Mboten pak kula mung nyambut petelot mawon kok, mboten nyonto".

Bagian 3
Semarai pak KepSek wes reti kaet mau nk Siti nyonto, pak KepSek langsung ngehukum Siti k2 Ferdi. Siti k2 Ferdi engkok dikon metuki wong tuwane gwe tanggung jawabke kelakoane. K2 dibaturi Bapak KepSek.
KepSek : "Assalamualaikum"

Babeh : "waalaikumsalam. Eh bapak Kepala Sekolah. Monggo pak mlebet pinarak".

KepSek : "Nggeh pun pak matur suwun. Ngenten pak jalere bapak siti teng sekolah nyonto pak".

Babeh  : "Nopo!, nyonto?!. Bener kuwi Sit?. Wes tak kandani nak ape ulangan iku sinau ojo nyonto!. Lha sak iki kok nyonto. Awas wae engkk nk nilaimu elek! Ojo celuk aku bapakmu, kowe yo gk pe tk anggep anakku!. Awas wae!".

Siti        : "Yo sorry Bro.. ".

Ferdi     : "eh wakmu gk oleh ngunu".

Siti        : "Jare wes gk anake kan".

Ferdi     : "Karo bpk iku seng apik, yo gk bro.. ".
Siti, & pak KepSek : "Yah.. Sama aja kali..".

Siti        : "Nggeh pun pak kulo nyuwun ngapunten nggeh..  Siti janji Siti bakal sinau sing tenanan lan ogak pe nyonto maneh".
Siti & Ferdi akhire sadar gak ape nyonto maneh k2 janji ape sinau seng tenanan. Akhire bocah loro kuwi lulus k2 beji sing apik songko kerja kerase dewe ogak nyonto.


                               Rampung



Paraga / Tokoh :
Siti                          : (Rusdiana / 02)
Kelly                       : (Sega Sayyidatina / 07)
Ferdi                       : (Shofiatun / 08)
Babeh                     : (Shifa Syaharani / 07)
Ibu Guru                 : (Sabrilla Putri A. / 03)
Kepala Sekolah     : (Rufing Sulistia / 01)
Abang Layangan   : (Saskia Atthalia K. / 05)
Mimin                     : (Saskia Atthalia K. / 05)


  1. Temukan juga deskriptif cerita ini disini.


Note: Cerita dikutip dari televisi GTV Theater Tawa. Bacaan yang lebih utama adalah Al-Qur'an. Ambil baiknya dan buang buruknya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerpen Bahasa Indonesia | One Summer Dream In Syam

                One Summer Dream In Syam Hujan keringat di sekujur tubuhku menjadi bukti dari alasan bahwa betapa cepatnya detak jantungk...