KAPISAN-PISANAN
Dening: Rusdiana
Ing sawinjining dino ing wulan bahasa, akih diadakake lomba gawe ngeramekake wulan seng apik kuwi. Salah sawijine yaiku diadakake lomba gawe cerkak. Sakliyane lomba cerkak, iyo akih lomba-lomba liyane. Lan sing ngadakake lomba iku iyo ora mung nang donya nyata utawi offline wae, nanging iyo iso ing donya maya utawi online. Seng donya nyata beritane iso diweruhi lewat brosur utawi pengumuman selembaran seng biasane diadakake mahasiswa utawa universitas. Seng donya maya beritane iso diweruhi lewat media sosial utawi iso wae nang instagram utawi nang liyane seng ana nang internet. Amerga akih lomba ing wulan bahasa iki, aku karo kancaku iyo ora nyia-nyiakno lomba-lomba sing diadakake ing wulan bahasa iki. Aku lan kancaku iyo melu lomba gawe cerkak, lan lombane kuwi aku weruh saka donya maya utawi online lewat instagram. Yaiku lomba saka akun @infolomba nang instagram.
Amerga iku lewat online dadine kabeh persyaratane lomba karo bayar daftar lombane iyo lewat online kabeh. Kapisanan aku karo kancaku ngisi formulir pendaftarane lewat google. Sakwise wes bar ngisi formulir pendaftarane yaiku selanjute bayar pendaftarane lewat online utawi transfer basa indonesiane.
Aku karo kancaku melu lomba gawe cerkak bahasa indonesia nasional lewat online iku salah sawijine tujuane kene yaiku ben oleh sertifikat akademik. Nanging nak lewat online wujude e-sertifikat. Lan sakliyane kuwi, yaiku ben oleh pengalaman dewe gawe cerkak lewat online, tanpa ana campur tangan sekolah. Bayare pendaftarane yaiku 30.000 sak garapan, utawi sak cerkak 30.000. Bayare dewe kene lewat bank, lan amerga deweke lagek kapisan melu lomba online koyo ngeneki, awake dewe iyo durung eruh opo-opo ngenani bayar online utawi tranfer. Opo maneh awak dewe karo kancane durung duwe KTP lan rekening.
Nah songko iku pengalamane kene kapisanan bakal dimulai. Aku karo kancaku pas iku mulih sekolah uwis ape budal berangkat nang bank, ape nransfer duwek pendaftaran mau. Nalikane wis tekan bank BNI aku karo kancaku bingung markir pedah tok endi amerga pas iku iyo ketepakan ana wong ngetel duwek PIP lan nyairo dana sosial. Nanging aku karo kancaku iyo tetep diwani-wanikno mlebu tekan jero Bank lan pedahe diparkirke ing sandeng pedahe wong njupuk duwek. Pas aku mlebu jero bank karo kancaku aku kaget tibake nang jero bank uwes bek uwong lan uwong-uwong antri isih katon ngenteni suwi banget.
Akhire aku karo kancaku mutusake metu soko bank BNI lan golek bank liyane seng sepi. Amerga gekmau pas ape nang bank BNI nglewati salah sawijining bank BRI Mandiri dadine aku karo kancaku banjur langsung ape mrono wae. Sajake ape gawe sepedah wae, tapi amerga parek jarake soko bank BNI aku mlaku wae karo kancaku.
Pas teko bank BRI Mandiri aku langsung mlebu dibukakake karo satpame. Ananging cah kene lagek kapisan-pisanan tranfer duwek nang bank, awak dewe mlebu karo bingung karo ora reti ape ewuh opo. Nganti pirang menit aku meneng wae nang kono karo kancaku banjur aku lan kancaku disentak karo satpame bank BRI.
"Ape opo dek kok meneng wae!". Omonge satpame karo rodok banter suwarane.
"Badhe transfer pak". Saurku karo kancaku.
"Ealah dek ngomong ta kawet mau nak ape transfer ojo jok meneng bae, nak ora denger iku takon". Kandane satpame karo aku lan kancaku.
"Inggih pak sepuntene". Jawape kancaku, nanging aku meneng wae amerga rodo kesel karo satpame. Omonge satpame oga iso alus lan rodo banter, nggawe aku ora seneng lan kudu muring-muring wae. Sakjane satpam seng apik kuwi kudu bisa ngelayani tamune seng apik lan dikurmati, ora jok langsung nyentak-nyentak koyo mengkono mau. Aku iyo lagek kapisanan nransfer duwek, dadine aku iyo jok meneng bae amerga ora eruh popo. Lan sak eruhku ngunu kuwi mau biasane satpame disikan seng nakoni tamune, misale koyok "Ana sing iso tak bantu mas, mbak, dek, kak, bapak, ibu lan liyane?" biasane koyok mengkono. Nanging iku mau kok ora. Aku iyo wes kadung muring-muring mau, ora jawapi omonge satpame.
Banjur satpame omong meneh "Malu bertanya sesat di jalan". Kandane satpame. Kancaku mung mengsem nanging aku malah tambah mregut.
Sakwise aku karo kancaku ngisi bukti tranfere, banjur ono suarane teller bank nyeluk aku karo kancaku. Banjur aku karo kancaku moro nang teller bank seng nyeluk cah kene. Lan ditakoni sak itik ngenani bukti transfere kene. Sakwise ditransfer lan di print, bukti transfere dinakke kancaku. Banjur mari kuwi aku langsung mlaku metu soko bank lan langsung muring-muring nang jobo. Kancaku jok langsung nenango aku. Kancaku bocahe pancen sabar ora koyo aku. Mangkane deweke tak jak melu lomba bareng aku ben angger ono koyok ngeneki aku iso ditenangke deweke.
Mari tranfer yaiku selanjute aku lan kancaku nyerahno bukti transfere lewat WA lan nak wes diterimo berarti deweke uwis dianggep konfirmasi ulang. Sakwise iku, aku lan kancaku gawe cerkak, kanti tema yaiku “GURUKU PAHLAWANKU”. Sakwise cerkake wis rampung, banjur cerkak mau dikirim nang admin lombane. Nganti pirang-pirang minggu pengumuman pemenange diumumake. Aku lan kancaku deg-degan dewe delok pengumumane kasil lomba cerkak iku. Soko urutan nomer telu onok uwong liya seng menang ora jenengku lan jenenge kancaku.
Tapi tibake saka nomer loro iki, iki seng gawe aku karo kancaku dredeg ga karuan, semarai ngarepe jenenge podo karo jenenge kancaku ELA. Tapi barang diwoco jeneng lengkape tibake jenenge ora podo. Eladalah tibake ora sido. Terus aku karo kancaku iyo wes ga onok harapan manih, semarai juara siji iyo ora mungkin aku karo kancaku. Tibake iyo tenan, juara siji ogak aku karo kancaku. Dadine aku lan kancaku iyo ora oleh opo-opo semarai ora oleh juara, mung oleh e-sertifikat, tulisane dadi peseta lomba tok gak pemenang. Lan seng oleh juara 1,2,3 oleh tiket liburan nang luar negeri. Seng juara 1 oleh tiket liburan tok Korea, seng juara 2 oleh tiket liburan tok Jepang, lan seng juara 3 oleh tiket tok Thailand. Pancen puenak tenan oleh hadiah liburan nang luar negeri, wis oleh tiket liburan ditambah duwek pisan.
Tapi ngunukui mau aku karo kancaku iyo wes maklum, semarai iki lagek kapisan-pisanan aku karo kancaku melu lomba gwe cerkak nasional lewat online koyo mengkono kuwi. Dadine iyo pantes ora oleh juara, semarai urung duwe pengalaman blas. Nanging pengalaman melu lomba online ngeneki iso dadi pasinaonan seng penting gawe awak dewe. Semarai awake dewe iki wes wani nanggung resikone kalah utawa menang, masio awak dewe iki lagek kapisan-pisanan melu lomba ngeneki.
Nah songko iku, awak dewe dadi ngerti, nak koyo mengkono kuwi nak ra wani nangggung resiko karo rawani njajal metu soko zona nyamane awak dewe, yo awak dewe ora bakal iso maju, awak dewe iyo mung jok iso meneng wae nang kono lan awak dewe ogak iso sukses. Sajake wong sukses iku yo wong seng wani golek pengalaman lan nanggung resiko abot. Nak wes iso reti marang ngunuku, lan iso nanggung resiku seng abot kuwi mau, lagek awak dewe iso dianggep wong sukses. Sukses maksute kuwi, iso ngalahne rasa weden, weden nak ora menang utawi gagal. Padahal kapusan kuwi dalan kapisan soko kesuksesan. Iyo pora? Iyo! Nyatane sak iki akih wong seng sukses amerga biyene tahu ngerasakke kelaran, tahu ngerasakke kapusan. Mula saka kuwi, aku sak iki terus usaha terus ben sok mben iso dadi wong sukses, lan gagale lomba nggawe cerkak iki tak gawe motivasi yen aku kudu semangat sinau terus lan ora oleh males. Ben aku dadi wong sukses sok mben. AAMIIN.
RAMPUNG
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Cerpen Bahasa Indonesia | One Summer Dream In Syam
One Summer Dream In Syam Hujan keringat di sekujur tubuhku menjadi bukti dari alasan bahwa betapa cepatnya detak jantungk...
-
One Summer Dream In Syam Hujan keringat di sekujur tubuhku menjadi bukti dari alasan bahwa betapa cepatnya detak jantungk...
-
Ciri-ciri pribadi kreatif Sumber gambar: hellosehat -Bebas dalam berfikir dan bertindak, tidak mudah terpengaruh...
-
T EKNOLOGI RAMAH LINGKUNGAN LANTAI PENGHASIL LISTRIK Prinsip Dasar Industri Ramah Lingkungan Lantai Penghasil Listrik Perusahaan kereta ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar